Assalamualaikum wr wb
Alhamdulillahirobbil’alamin. Wabihinastainala umuriddunya waddin. Wasalamu ala asyrofil ambiya’i wal mursalin. Sayidina wa maulana muhammadin wa ala alihi wasahbihi ajmain. Ama bakdu.
Ibu - ibu Jamaah yasin ingkang kula hormati.
Poro adirin Rokhima kumullah.
Langkung muriyin sumonggo kito sareng - sareng muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, taufik sarto hidayah dumateng kita sedoyo. Sahingga wonten ing wekdal siang punika kita saget pepanggihan wonten ing dalemipun ibu................
Kanthi kawontenan sae, wilujeng, sehat wal afiat mboten wonten alangan satunggal punopo.
Kaping kalih ipun sholawat sarta salam muhi kunjuk wonten ngarsanipun junjungan kita nabi muhammad SAW ingkang sampun tansah kita dereki tindak lampahing kanthi pangajab. Mugi- mugi kita sedoyo dipun golongaken dados umatipun lan saget pikantuk syafa’at ipun mbenjeng wonten ing yaumil kiyamah. Amin yarabal alamin.
Ibu - ibu jamaah yasin ingkang hormati
Sakderengipun acara dipun kalajengaken kawulo wonten ing mriki selaku shohibul bait utawi wakil tuan rumah, sepindah matur agenging panuwun ingkang tanpa umpami atas kerawuhan panjenengan sedoyo wonten ing sing punika.
Ingk siang punika
Kaping kalihipun kawulangaturaken sugeng Rawuh sugeng lenggah kanthi mardu mardikaning penggalih lan ing mbok bilih anggenipun nampi Rawuh panjenengan sedaya maringi papan palenggahan, saha ingmangke pasugatan ingkang kirang nuju prono dumateng penggalih panjenengan sedoyo lumantar kawulo, ingkang nyuwunaken pangapunten ingkang sak ageng-agengipun.
Mekaten ingkan saget kawula aturaken sak lajengipun waosan surat yasin kalajengaken dzikir tahlil dumateng ingkanh kajibah sak cekap ipun kawula sumanggaaken.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan tulis komentar anda di sini....